Urip Iku Kaya Ban Sing Muter
Jaman
biyen, ana bocah jenenge Sumarno, watake Sumarno ora becik, nakal, lan
senengane mbantah. Saben dina Sumarno nggawe mangkel bapak lan ibuke. Nalika
pas SMP, Sumarno gelut karo papat kancane lan ngirim kabeh kancane kuwi ning
puskesmas. Mergo gak terima, bapak lan ibuke kancane lapor marang polisi.
Slamete masalah kuwi isa di barna nganggo cara kekeluwargaan. Dikira kapok
amargi masalah kuwi, Sumarno tambah ndadi nakal maneh. Mergo nakal, ora ana
kancane sing gelem nyedhak Sumarno. Saben teka sekolah, Sumarno bolak-balik
ngamuk lan nendhang meja.
“Woy, panggon lungguhku aja dinggo!”
Berok Sumarno marang kancane.
“Biasa war ta, iki bangkune sekolah
ora kursimu!” Bantah kancane sing jenenge Budi.
“Lha kok randuwe wedi we? Kowe wani
karo awakku?” Jawabe Sumarno
Amarga
gak ana sing wani, kabeh kancane meneng klekep kaya sepine alas. Kabeh guru wis
ngerti sifat lan perilakune Sumarno. Sakjane gurune pingin nge DO Sumarno,
nanging eman amargi Sumarno wis kelas 12. Bapak ibu gurune wis pasrah ngurusi
Sumarno. Gurune mung isa ndunga mugi-mugi Allah SWT isa maringi hidayah marang
Sumarno ben isa berubah lan migunani gawe masyarakat. Ogak ning sekolah tok,
nok lingkungan omah Sumarno dikenal bocah sing senengane ngopi lan cangkruk saben
wayah bar isya’ sampek jam 12 bengi. Sanajan Sumarno nduwe watak elek, Sumarno
tresna banget kaliyan bapak ibuke sanajan bapak lan ibuke gak ngerti lan
nganggep Sumarno bocah nakal lan nyusahna.
Gara
gara ngelu mikir Sumarno, ibuke gerah. Awak e panas. Bapake wis usaha ben ibuke
waras. Sing kepisan kaline, Sumarno sedhih. Sedina Sumarno mingkem ora gelem
ngomong. Lan sedina dewe Sumarno ngenteni ibuke ning griya sakit. Bapak dhokter
wis ngendika nek warase ibuke Sumarno mung Allah SWT sing isa ngekeki keajaiban
gawe waras. Atine Sumarno sedhih banget amargi durung isa ngekeki apa-apa gawe
bapak ibuke. Jam 12 bengi, ibuke Sumarno kondisine kritis, bapake mung iso
pasrah. Sumarno kudu nangis tapi diempet. Sak durunge ibuke seda, ibuke sumarno
ngendika ning Sumarno.
“Le, ibuk wis gak isa waras maneh,
wis gak isa ngerumat awakmu maneh. Kowe wis gedhe, wis isa nentukna urip mu
dhewe. Iki pesenku sing terakhir, aja nggawe bapak sedhih maneh, kowe mulai
sisuk kudu berubah.”
Sumarno
sedhih banget, rasane kabeh perilaku eleke muter ning otake lan dibalen-baleni
maneh. Sak wis e ibuke seda, Sumarno seneng banget ngelamun terus, matane metu
banyune. Kabeh kancane kaget soale Sumarno berubah.
Akhire
Sumarno mutusna berubah. Sumarno dadi bocah sing apik. Kabeh kancane seneng
banget. Sumarno dadi bocah sing becik lan pinter. Kabeh gurune seneng banget nganti
kudu nangis. Bapake Sumarno tambah seneng. Akhire Sumarno isa ngebarna ujian
nasional lan lulus mlebu PTN sing apik. Sumarno dadi dhokter amargi kepingin
ngobati wong gerah kaya ibuke.
Bar
lulus kuliah, Sumarno banjur golek kerja ning griya sakit. Amargi Sumarno lulus
kuliah oleh biji apik, akeh griya sakit sing ngekeki Sumarno kerja. Ngerti
anake wis dadi bocah bener lan migunani gawe keluwarga, bapake Sumarno bungah
banget. Ning atine, bapake pingin nangis amargi Sumarno isa dadi bocah sing
apik lan isa nuruti kepinginane ibuke. Sak durunge milih panggon kerja, Sumarno
nyuwun restu lan pandunga marang bapake.
“Bapak, kula badhe nyambut gawe dadi
dhokter dateng kutha sing tebih saking Bapak. Kula gadhah pangarep Bapak kersa
marigi restu.” Omonge Sumarno.
“Yo Le, bapak mesti ndungakna awakmu
ben sukses lan isa nyenengake Bapak. Wayah kerja, aja males, sing rajin.” Pesen
bapake.
Sak
wis e pamit marang bapake, Sumarno banjur berangkat ning Makassar. Sumarno
kerja dadi dhokter ning griya sakit sing terkenal ning Makassar. Amargi Sumarno
dhokter sing apik, murah mesem, sabar, lan telaten, Sumarno cepet dadi dhokter
sing dikenal ning Makassar. “Assalamualaikum, Bapak/Ibu gerah napa?” ngendikane
Sumarno marang kabeh pasien.
Ning
lain dina, ana wong tuwa sing gerah lan perlu dioperasi. Amargi Sumarno durung
tau operasi marang wong, Sumarno banjur bingung lan wedi. Amargi wis gawat,
Sumarno banjur ngelakoni operasi. Lan, bapake mau mbutuhake getih. Apes e,
jinise getih e bapake jinis sing angel golekane. Selamet e, jinise getih e
Sumarno lan bapake padha.
Akhire
sak durunge operasi, Sumarno dijupuk disik getih e gawe nulung bapak mau. Pas
wayah operasi wis rampung, bapake matur suwun banget marang Sumarno. Amargi
Sumarno bocah apik, bapak iku kepingin nikahake putrine kaliyan Sumarno.
“Le, gelem apa gak tak kawin no karo
putriku?” Jaluk bapake
Amargi Sumarno wis janji ora bakal
nolak hadiah e wong, dadine Sumarno gelem wae.
“Nggih Bapak.” Jawabe Sumarno alus
“Iling-iling iki, putriku kuwi buta,
ora isa mlaku, lan tangane ilang kabeh, apa awakmu isih gelem nrima apa enek
e?” Bapake ngendika maneh.
Sumarno
kaget lan arep nolak, tapi wis banjur gelem. Sumarno percaya marang ALLAH.
Akhire Sumarno gelem nrima apa eneke.
“Kula purun, Pak. Kula ikhlas.”
Jawabe Sumarno.
Sisuk
isuke, pas Sumarno dolan ning griyane bapak mau gawe dikenal ake kaliyan
putrine, Sumarno kaget banget ngerti wong ayu lan becik perilakune marang
bapake. Bapak e ngomong nek putrine buta kaliyan perkawis elek, tangane ora tau
ngelakoni tumindak sing gak guna, lan sikile gak tau digawe dolan gawe
ngelakoni perkawis elek. Akhire Sumarno lan Fatimah, asmane putrine bapak budi,
nikah lan urip mulya salawase.