Sabtu, 14 Oktober 2017

CERITA CEKAK

Tidak ada komentar:
Urip Iku Kaya Ban Sing Muter

Jaman biyen, ana bocah jenenge Sumarno, watake Sumarno ora becik, nakal, lan senengane mbantah. Saben dina Sumarno nggawe mangkel bapak lan ibuke. Nalika pas SMP, Sumarno gelut karo papat kancane lan ngirim kabeh kancane kuwi ning puskesmas. Mergo gak terima, bapak lan ibuke kancane lapor marang polisi. Slamete masalah kuwi isa di barna nganggo cara kekeluwargaan. Dikira kapok amargi masalah kuwi, Sumarno tambah ndadi nakal maneh. Mergo nakal, ora ana kancane sing gelem nyedhak Sumarno. Saben teka sekolah, Sumarno bolak-balik ngamuk lan nendhang meja.
“Woy, panggon lungguhku aja dinggo!” Berok Sumarno marang kancane.
“Biasa war ta, iki bangkune sekolah ora kursimu!” Bantah kancane sing jenenge Budi.
“Lha kok randuwe wedi we? Kowe wani karo awakku?” Jawabe Sumarno

Amarga gak ana sing wani, kabeh kancane meneng klekep kaya sepine alas. Kabeh guru wis ngerti sifat lan perilakune Sumarno. Sakjane gurune pingin nge DO Sumarno, nanging eman amargi Sumarno wis kelas 12. Bapak ibu gurune wis pasrah ngurusi Sumarno. Gurune mung isa ndunga mugi-mugi Allah SWT isa maringi hidayah marang Sumarno ben isa berubah lan migunani gawe masyarakat. Ogak ning sekolah tok, nok lingkungan omah Sumarno dikenal bocah sing senengane ngopi lan cangkruk saben wayah bar isya’ sampek jam 12 bengi. Sanajan Sumarno nduwe watak elek, Sumarno tresna banget kaliyan bapak ibuke sanajan bapak lan ibuke gak ngerti lan nganggep Sumarno bocah nakal lan nyusahna.

Gara gara ngelu mikir Sumarno, ibuke gerah. Awak e panas. Bapake wis usaha ben ibuke waras. Sing kepisan kaline, Sumarno sedhih. Sedina Sumarno mingkem ora gelem ngomong. Lan sedina dewe Sumarno ngenteni ibuke ning griya sakit. Bapak dhokter wis ngendika nek warase ibuke Sumarno mung Allah SWT sing isa ngekeki keajaiban gawe waras. Atine Sumarno sedhih banget amargi durung isa ngekeki apa-apa gawe bapak ibuke. Jam 12 bengi, ibuke Sumarno kondisine kritis, bapake mung iso pasrah. Sumarno kudu nangis tapi diempet. Sak durunge ibuke seda, ibuke sumarno ngendika ning Sumarno.
“Le, ibuk wis gak isa waras maneh, wis gak isa ngerumat awakmu maneh. Kowe wis gedhe, wis isa nentukna urip mu dhewe. Iki pesenku sing terakhir, aja nggawe bapak sedhih maneh, kowe mulai sisuk kudu berubah.” 

            Sumarno sedhih banget, rasane kabeh perilaku eleke muter ning otake lan dibalen-baleni maneh. Sak wis e ibuke seda, Sumarno seneng banget ngelamun terus, matane metu banyune. Kabeh kancane kaget soale Sumarno berubah.

            Akhire Sumarno mutusna berubah. Sumarno dadi bocah sing apik. Kabeh kancane seneng banget. Sumarno dadi bocah sing becik lan pinter. Kabeh gurune seneng banget nganti kudu nangis. Bapake Sumarno tambah seneng. Akhire Sumarno isa ngebarna ujian nasional lan lulus mlebu PTN sing apik. Sumarno dadi dhokter amargi kepingin ngobati wong gerah kaya ibuke.
           
            Bar lulus kuliah, Sumarno banjur golek kerja ning griya sakit. Amargi Sumarno lulus kuliah oleh biji apik, akeh griya sakit sing ngekeki Sumarno kerja. Ngerti anake wis dadi bocah bener lan migunani gawe keluwarga, bapake Sumarno bungah banget. Ning atine, bapake pingin nangis amargi Sumarno isa dadi bocah sing apik lan isa nuruti kepinginane ibuke. Sak durunge milih panggon kerja, Sumarno nyuwun restu lan pandunga marang bapake.
“Bapak, kula badhe nyambut gawe dadi dhokter dateng kutha sing tebih saking Bapak. Kula gadhah pangarep Bapak kersa marigi restu.” Omonge Sumarno.
“Yo Le, bapak mesti ndungakna awakmu ben sukses lan isa nyenengake Bapak. Wayah kerja, aja males, sing rajin.” Pesen bapake.

            Sak wis e pamit marang bapake, Sumarno banjur berangkat ning Makassar. Sumarno kerja dadi dhokter ning griya sakit sing terkenal ning Makassar. Amargi Sumarno dhokter sing apik, murah mesem, sabar, lan telaten, Sumarno cepet dadi dhokter sing dikenal ning Makassar. “Assalamualaikum, Bapak/Ibu gerah napa?” ngendikane Sumarno marang kabeh pasien.

            Ning lain dina, ana wong tuwa sing gerah lan perlu dioperasi. Amargi Sumarno durung tau operasi marang wong, Sumarno banjur bingung lan wedi. Amargi wis gawat, Sumarno banjur ngelakoni operasi. Lan, bapake mau mbutuhake getih. Apes e, jinise getih e bapake jinis sing angel golekane. Selamet e, jinise getih e Sumarno lan bapake padha.

            Akhire sak durunge operasi, Sumarno dijupuk disik getih e gawe nulung bapak mau. Pas wayah operasi wis rampung, bapake matur suwun banget marang Sumarno. Amargi Sumarno bocah apik, bapak iku kepingin nikahake putrine kaliyan Sumarno.
“Le, gelem apa gak tak kawin no karo putriku?” Jaluk bapake
Amargi Sumarno wis janji ora bakal nolak hadiah e wong, dadine Sumarno gelem wae.
“Nggih Bapak.” Jawabe Sumarno alus
“Iling-iling iki, putriku kuwi buta, ora isa mlaku, lan tangane ilang kabeh, apa awakmu isih gelem nrima apa enek e?” Bapake ngendika maneh.
Sumarno kaget lan arep nolak, tapi wis banjur gelem. Sumarno percaya marang ALLAH. Akhire Sumarno gelem nrima apa eneke.
“Kula purun, Pak. Kula ikhlas.” Jawabe Sumarno.


            Sisuk isuke, pas Sumarno dolan ning griyane bapak mau gawe dikenal ake kaliyan putrine, Sumarno kaget banget ngerti wong ayu lan becik perilakune marang bapake. Bapak e ngomong nek putrine buta kaliyan perkawis elek, tangane ora tau ngelakoni tumindak sing gak guna, lan sikile gak tau digawe dolan gawe ngelakoni perkawis elek. Akhire Sumarno lan Fatimah, asmane putrine bapak budi, nikah lan urip mulya salawase. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

 
back to top